Selamat datang di Saipull.blogspot.Com

Candiprambanan

Saturday, February 19, 20110 comments



Candhi Prambanan iku kompleks candhi Hindu sing gedhé dhéwé ing Indonesia, ing pulo Jawa, kurang luwih 20 km wétan Yogyakarta, 40 km kulon Surakarta lan 120 km kidul Semarang, persis ing watesing provinsi Jawa Tengah lanDaerah Istimewa Yogyakarta. Candhi Prambanan manggon ing désa Prambanan sing tlatahe dibagi antara kabupatenSleman lan Klaten.
Para ahli purbakala ndugam candhi ini dibangun ing sawetaraning taun 850 Masehi dening Rakai Pikatan (raja seka wangsa Mataram I sing kaping loro) utawa Dyah Balitung. Nanging ora suwe sawuse candhi iki binangun, banjur ditinggalake lan wiwit rusak.
Renovasi candhi iki diwiwiti ing taun 1918, lan nganti sepréné durung rampung. Gedhong utama lagi dirampungaké ing taun 1953. Akèh pérangan candhi sing direnovasi nganggo watu anyar amarga watu-watu sing asli wis dicolong utawa dienggo ing panggonan liya. Salah sawijining candhi mung bakal dipugar yen minimal 75% watu asline isih ana. Mula saka kuwi, akeh candhi-candhi cilik sing ora dibangun manèh lan mung katon landhesan pondasiné waé.
Saiki candhi iki sawijining situs warisan dunya sing kareksa déning UNESCO wiwit taun 1991. Tegesé antara liya, komplèks iki kareksa lan ndhuwé status astamiwa. Contone yèn ing mangsa perang, ora olèh dicedhaki wong-wong sing ayuda.
Candhi Prambanan iku candhi Hindhu sing gedhé dhéwé ing Asia Kidul-Wetan, dhuwure gedhong utama iku 47 meter.
Kompleks candhi iki tinata saka 8 candhi utama lan luwih saka 250 candhi cilik.
Telung candhi utama diarani Trisakti lan disajèkaké ing sang hyang Trimurti: Bathara Siwa sang Pangrusak, BatharaWisnu sang Panggulawentah lan Bathara Brahma sang Pancipta.
Candhi Siwa ing tengah-tengah, isine patang kamar, sakamar ing saben arah mata angin. Sawetara iku sing pratama amopt sawijiing reca Bathara Siwa sing dhuwuré ana telung mèter, telu liyane isi reca-reca sing ukurané luwih cilik, yaiku reca Durga, sakti utawa garwa Bathara Siwa, Agastya, guruné, lan Ganesa, putrane.
Share this article :

Post a Comment

 
Support : Cara Gampang | Creating Website | Johny Template | Mas Templatea | Pusat Promosi
Copyright © 2011. Bloq Saipull - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Modify by CaraGampang.Com
Proudly powered by Blogger